Dalu Suci (JAVANESE)

Dalu Suci tidem sami
Jeng Gusti pamarta
Tedhak manjalma krana kita
Miyos wonten kandang Bètlehèm
Gustining Dumadi, Gustining Dumadi

Bayi Suci, kang Ginusti
Nebusi tyang dosa
Nilar kamulyanè ing swarga
Sumèlèh ing rumput kang nista
N'ladani mring kita, n'ladani mring kita

Dalu suci, tidhem sami
Jeng Gusti ambekta
Katentremanè jagad-raya
Kados prasetyanè Kang Rama
Mila linuhurna, mila linuhurna

Dalu suci, tidhem sami
Jeng Gusti ambekta
Pirukuning tyang dosa sami
Cinadhang prasetyan kang baka
Amin linuhurna, amin linuhurna


Submitted by: Daud Soesilo


Return to Homepage
Return to homepage